Senin, 22 April 2013

Materi Geguritan Bahasa Jawa kelas XI SMK


PASINAON 3
NYEMAK GEGURITAN
Standar Kompetensi       :    Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan sastra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kopetensi Dasar             : Mendengarkan geguritan yang disampaikan secara langsung atau rekaman.
Indikator                         :   
1.   Menyebutkan kata-kata kias dalam geguritan yang didengar.
2.   Menyebutkan amanat yang ada dalam geguritan.
3.   Menyebutkan tema geguritan.
4.   Menemukan nilai-nilai yang terkandung dalam geguritan.
5.  Mengubah geguritan yang didengar dalam bentuk gancaran.
  
GEGURITAN
A.    RINGKESAN PIWUCAL
Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1.   Tulisan ingkang awujud tatahan
2.   Kidung utawi tembang
Nggurit tegesipun :
1.   Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan
2.   Nglakokaken tembang utawi kidung
Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal). Wonten malih ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking tembung gerita. Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair geguritan jawi sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
   Samenika wujud wohing kasusatran piisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan kados wonten ngandap menika:

1.     Syair kalih gatra sapadan aran gita dwigatra
2.     Syair  tigang gatra sapadan aran gita trigatra
3.     Syair sekawan gatra sapadan aran gita caturgatra
4.     Syair gangsal gatra sapadan aran gita pancagatra
5.     Syair enem gatra sapadan aran gita sadgatra
6.     Syair pitu gatra sapadan aran gita saptogatra
7.     Syair wolu gatra sapadan aran gita hastagatra
8.     Syair sanga gatra sapadan aran gita nawagatra
9.     Syair-syair dhapur sonata
10.  Syair bebas
B.    JINISIPUN GEGURITAN
Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a.    Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b.   Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c.    Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanti guru swara.
d.   Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit” nanging mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.
Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji

2. Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.

1 komentar:

  1. The Iron Man (Genesis) - Titanium Dabs - Titanium Art
    The Iron titanium prices Man (Genesis) gaggia titanium · Set · The Iron Man (Genesis) · Iron Man (Genesis) · titanium shift knob Set · The Secret nano titanium by babyliss pro of Thor (Genesis) · Iron Man (Genesis) · Set · The babyliss pro titanium straightener Secret of Thor

    BalasHapus